Langsung ke konten utama

Contoh Artikel Persuasi Bahasa Jawa

Contoh Artikel Persuasi Bahasa Jawa

     Hey paman pembaca budiman😀,gue kali ini akan membagikan karya asli buatan gue loh,yakni artikel persuasi,sebuah artikel yg bertujuan agar pembaca tertarik dan melakukan sesuatu,sesuai ajakan dalam artikel persuasi ini,by the way karyaku ini kubuat untuk memenuhi tugas bahasa Jawa di sekolah,jd aku share disini,jika ada pertanyaan langsung aja isi kolom komen ya,selamat membaca  dan semoga bisa menginspirasi😀😀

Ayo Sinau!

Dening Nur Hidayah XII TITL 2

SMK N 1 KARANGDADAP



              Sinau iku wajib kanggo para pelajar,nanging taseh wonten kathah pelajar kang taseh males sinau,iku mau penyebabe macem macem,wonten sing males maca,mboten kengeng mumet,wonten sing ora paham,lan sanesipun.Alesan mau iku mestine bisa kabeh diakali,merga iku saged  dimaksimalkake asal wonten usaha masalah bisa di pecahkan.
              Pripun kabeh masalah wau bisa dirampungke?,ten mriki kula badhe njelaske cara sinau gampang lan bisa dipahami.ingkang  utama yaiku motivasi,motivasi kedah wonten ing jero dada pelajar,ingkang dimaksud motivasi yaiku dorongan utawa semangat kanggo ngewujudake tujuan dewe,tuladha kita sinau iku tujuanipun kangge sinten,punapa bungahake wong tuwa utawa sekedar  ngraih nilai kang becik.
             Motivasi ten mriki yaiku motivasi kang leres kang bisa ndamel gairah kita lan nduwe tujuan sing mulya,yaiku motivasi merga kita sinau niatnipun kangge ibadah  supaya kita nduweni drajat duwur lan bisa gawe  kemajuan lan keleresan kanggo alam donya.Niat luhur iku wau  nduweni unsur agami merga agami  saged  mbangun jiwa luhur manungsa.
             Kekalih yaiku metode sinau utawa cara sinau,kathah pelajar kang mboten gumun kaleh sinau merga macem alesan,iku wau sebabe pelajar mboten ngertos cara belajar efektif kangge deweke,cara belajar iku kedah dipadakake kaleh kasenengane dewe,tuladha kita seneng  maca kita saged sinau kanti maca,utawa kita seneng nggambar kita saged sinau kanthi cara mapping yaiku ndamel konsep pelajaran kanthi urut kaya gambar denah.Intinipun ampun sinau sak bisane,merga sinau model wau mboten wonten faedahe.
             Ingkang ketiga yaiku dedonga,dedonga iku kang nglengkapi sinau,sebab sak katahe sinau kita nanging mboten dijabahi dening Gusti ingkang gawe urip sinaune dewe  mboten berkah lan mboten.Sikap pasrah marang gusti iku nggambarake kita iku mboten gemedhe ing atase gusti,mboten asal dedonga,kita kedah njalanke kewajiban agami lan ngadohi larangan-Nipun.

            Ketiga perkara wau,kedah dijalanke supaya kita saged sinau kanti cara gampang,sinau iku ora mung seminggu pisan nanging kedah kontinyu utawa terus terusan supaya kita ora gampang lali.Ojo lali sinau,Ayo sinau! merga uripmu bakal mulya.






Komentar